Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinampu. Cacahe larik, wanda,cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Ana kang nganggo lelewane basa tinampu, uga ana kang biasa-biasa wae.
B. Ciri-Ciri Geguritan
- Duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra.
- Duweni makna utawa arti ana ing lirik lirike.
- Duweni bahasa ingkang endah lan mentes.
- Ing teks geguritan ono jeneng pangriptane.
C. Unsur-Unsur Intrinsik Geguritan
Unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
- Tema
- Bahasa kang endah
- Judul Geguritan
- Diksi
- Citra
- Purwakanthi
- Amanat kang ono ing jero ne geguritan
D. Maca lan Nanggapi Isine Geguritan
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki :
a. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine.
c. Golek ana tegese tembung-tembung kang angel/aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
d. Golek ana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
CONTOH GEGURITAN
“ANGGERKU”
Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngge
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung
–Yanik Agus Setyaningsih–
Sumber :
- Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
- https://pasberita.com/geguritan-bahasa-jawa/
- http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1
💞
BalasHapus👍👍
BalasHapusGood👍👍👍
BalasHapus😍😍
BalasHapus