Rabu, 15 Januari 2020

Busana Jawa

A. Busana Jawa
Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna muni lan ngetrepake busana utawa pakean.
Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang ndheskripsekake babagan busana Jawa.
Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna Wolung werna iku urut saka dhuwur,yaiku : blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang. jarik, lan selop.

B. Maca lan Nemokake Isine Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa
Teks dheskripsi yaiku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katan. Ing kalodhangan iki, samubarang
kang dikarepake wujude busana adat Jawa. Teks dheskripsi babagan busana Jawa iki bisa njlentraheke apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale. Supaya bisa menehi panemu tumrap kang kowaca, sajrone maca teks dheskripsi para siswa kudu nemokake apa isine kang baku saka wacan. Kajaba iku uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunake.

C. Contoh Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa


Busana Adat Jawa
         Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
         Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka
pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.



Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

CERITA RAKYAT

Cerita Rakyat
Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan,utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot),sudhut pandhang, lan amanat.

Unsur Intrinsik Cerita Rakyat
1. Tema : Pokok permasalahan ing sajroning cerita
2. Latar (setting) : Papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing
sajroning crita.
3. Penokohan : Paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.
4. Alur : Urut-urutane prastawa ing crita.
5. Sudhut pandhang : Cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit
awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu.
6. Amanat : Pesen kang diaturake denine panganggit marang wong kang maca.

Titikane Crita Rakyat
a. Panyebarane kanthi lesan
b. Duweni sipat tradhisional
c. Sugih cakrik lan variasi
d. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
e. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane

Mupangate Crita Rakyat
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.


Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha,
lan dongeng.
a. Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
b. Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah SIkidane Sumur Jalotundha, Rara fonggrang, lan sapanunggale.
C. Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.



Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Aksara Jawa

Aksara Jawa
Aksara jawa uga dikenal mawa jeneng aksara Hanacaraka. Jeneng "Hanacaraka" dijupuk saka urutan limang aksara wiwitane. Urutan dhasar aksara jawa nglegena iki cacahe ana 20 lan nglambangake kabeh fonem basa jawa. Urutan aksara jawa nglegena karo pasangane yaiku kaya mangkene : 


Kanggo ngunekake aksara nglegena kui mau,aksara jawa uga dilengkapi sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda, lan sandhangan wyanjana. Penjabarane kaya ing ngisor iki. 

Sandhangan Swara



Sandhangan Panyigeg Wanda



Sandhangan Wyanjana



Aksara Murda lan Pasangane



Aksara Rekan




Aksara Wilangan




Sumber : 

  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
  • https://ernanurul27.blogspot.com/2017/08/belajar-aksara-jawa.html?m=1
  • https://www.pinterpandai.com/aksara-jawa-hanacaraka-contoh/

GEGURITAN

A. Geguritan
Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinampu. Cacahe larik, wanda,cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih,lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Ana kang nganggo lelewane basa tinampu, uga ana kang biasa-biasa wae.

B. Ciri-Ciri Geguritan
  1. Duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra.
  2. Duweni makna utawa arti ana ing lirik lirike.
  3. Duweni bahasa ingkang endah lan mentes.
  4. Ing teks geguritan ono jeneng pangriptane.

C. Unsur-Unsur Intrinsik Geguritan
Unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :

  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

D. Maca lan Nanggapi Isine Geguritan
Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki : 
a. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
b. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine. 
c. Golek ana tegese tembung-tembung kang angel/aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. 
d. Golek ana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. 
e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

CONTOH GEGURITAN

“ANGGERKU”

Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngge
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung
Yanik Agus Setyaningsih


Sumber : 
  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
  • https://pasberita.com/geguritan-bahasa-jawa/
  • http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1


Selasa, 14 Januari 2020

Pawarta

A. Pawarta
      Pawarta iku kabar kang disebarake supaya dingerteni dening wong liya utawa wong akeh. Manawa dideleng saka saranane, ana pawarta kang migunakake medhia cithak lan ana uga kang migunakake medhia elektronik. Kang migunakake medhia cithak upamane, ariwarti/koran,kalawarti,buletin, lan sapanunggalane. Dene kang migunakake medhia elektronik bisa katemokake ing radhio, televisi, lan internet. 

B. Contoh Teks Pawarta
Karnaval HUT kutha Jogja menyang-260 taun iki krasa spesial lantaran kabeh pamawa ngenakake anggo-anggo tokoh wayang.
Pirang-pirang tokoh sing ditampilake, Jemuwah (7/10/2016) neng antarane, Anoman, Kresna, Gatotkaca, Semar, Srikandi, Cakilan, Antaboga, Arjuna, Rahwanaa, Bima, lan Niwoto Kawola.
Pawarta Bahasa Jawa Tentang Kesenian Wayang di JogjaKabeh pamawa diwenehna kesempatan nunjukake kreasine sajrone 3-5 menit neng panggung utama Tugu Jogja.
Kepala Bidang Promosi Wisata, Dinas Pariwisata kutha Jogja, Yetti Martanti, ngantekne wayang Jogja Night Carnival iki uga nglibatke agen travel jero negeri lan njaba negeri.
Amarga alasan iki jero ngenalake wakilan lan tunjukake kesenian saka masing-masing kecamatan, panggawa acara menehake panerna karo loro basa, Indonesia lan Inggris.
Miturut Yetti tema wayang iki sing mupuran karo pawai budaya Jogja sadurunge. Nek sadurunge kabeh pamawa bebas nunjukan kesenian wektu iki kudu nganggo tokoh wayang.
pawai budaya Jogja sing digelar Jemuwah (7/10/2016) bengi arep dimeloni 14 kecamatan. Masing-masing kecamatan ngirim pamawa 50-500 wong.
kabeh pamawa arep ngenakake anggo-anggo tokoh wayang anoman, kresna, gatot kaca, semar, srikandi, cakilan, antaboga, arjuna, arwana, Bima, lan Niwoto Kawola. Masing-masing pamawa diwenehna kesempatan nunjukan kreasinya sajrone 3-5 menit neng panggung utama Tugu Jogja.


C. Ciri-ciri Pawarta
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) kaya kasebut ing ngisor iki :
·         Tinemu ing akal (penalaran logis).
·         Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5W + 1H.
·         Struktur basa trep.
·         Diksi trep ora ambigu.
·         Narik kawigaten.
·         Basa kang nengsemake.

D. Perangane Pawarta
Perangan pawarta antarane yaiku :
a.     Irah-irahan.
b.     Batas wektu.
c.     Teras pawarta.
d.     Surasane pawarta.

E. Unsur-unsur Pawarta
Unsur-unsur pawarta yaiku 5W+1H
-What
-Where
-Who
-When
-Why
-How



Sumber : 
  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
  • https://www.budayanusantara.web.id/2018/12/contoh-pawarta-atau-berita-dalam-bahasa_89.html?m=1
  • http://mybiologiilmu.blogspot.com/2017/02/cerkak.html?m=1

Busana Jawa

A. Busana Jawa Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen jawa supaya wong Jawa ngati...